40 Pantun Cinta Jawa Lucu yang Kocak tapi Bikin Baper
Merdeka.com - Pantun cinta jawa lucu bisa diberikan kepada orang terkasih atau dibaca sendiri sebagai hiburan. Dalam istilah bahasa jawa, pantun disebut juga dengan istilah parikan.
Selain bisa diberika sebagai bentuk gombalan, pantun cinta bahasa jawa lucu juga bisa menjadi hiburan pribadi.
Pantun cinta jawa lucu dan kocak juga bisa dijadikan sebagai caption di unggahan media sosial. Maka dari itu, berikut merdeka.com membagikan kumpulan pantun cinta jawa lucu dilansir dari berbagai sumber, Senin (5/6).
Pantun Lucu Bahasa Jawa 1
1. Dino Jumat dino Minggu
Lungo wedangan srawung kekancan
Rindune kumat pengen ketemu
Neng kok kelingan wes dadi mantan.
2. Yuk paiti tuku blewah
Ngombene serabi lungguh mbegagah
Wes diragati ngentekno sawah
Kok malah dirabi tonggo sebelah
3. Dolan Semarang
Pas tanggal limolas
Wis kadung sayang
Blas ora digagas
4. Tuku gendis neng Pasar Minggu
Ojo lali tuku madu
Hai manis apa kabarmu
Aku rindu dengan senyummu
5. Kitab kuning kitabe santri
Tahu tempe menu sarapan
Ayo kabeh sing sregep ngaji
Tak usahlah kelingan mantan
6. Kitab kuning kitabe santri
Tahu kuning tahu Kediri
Ayo santri seng sregep ngaji
Sopo ngerti oleh anake kyai
7. Sore-sore masak rempelo ati
Mak bedhundhug ono wong edan
Piye wis tak tresnani setengah mati
Malah jebul kowe main wedokan
8. Paijo ngasah belati
Belati gawe mbeteti gurami
Masio koe ngayelke ati
Tapi aku cinta setengah mati
9. Ana kembang ketancep paku
Nek temenan sayang temoni Bapakku
10. Melayu melayu karo ponakan
Mancing iwak nang kali serayu
Lagi mlaku weruh wong pacaran
Sing lanang elek sing wadon ayu
Pantun Lucu Bahasa Jawa 2
1. Lagi bal-balan kecocok pakuOra nulungi malah podo ngguyuSenajan kowe wis ninggalke akuTetep tek tunggu sekuat-kuate atiku2. Kembang dahlia kembang krisanKegawa angin tiba nang ratanPercuma esih nyimpen perasaanNek wis ora mungkin bisa dadian3. Ngedusi wedhus nganggo banyuNeng cedak kalen ngisor wit lumbuRa ngurus opo jawabmuPokokmen i love you kanggo awakmu4. Sore-sore pengen tumbas buah dukuSing tak tuku malah putu ayuRasane loro atikuNek ngerti mantane jebul luwih ayu5. Jumat kliwon udane gerimisEnake ngopi karo mendoanTak sawang sawang koe tambah manisSayange koe ra ngajak balikan6. Wet kates jumlahe papatTuku jamu katutan pakuWes rausah sambatJodohmu iku sebenere aku7. Suwe ora mangan ketanKetane digoreng nganggo sanganSuwe ora ketemu mantanKetemu pisan malah aweh undangan8. Sego liwet lawuhe jlantahSego rawon kurang uyahAmpun tanglet kapan nikahPacar mawon kulo dereng gadah9. Esuk-esuk cuacane cerahGolet kerja sing barokahKancane wis pada nikahLha aku nglamar wae susah10. Lungo warung tuku jamuPesen limo gari sijiNek aku tresno marang sliramuOpo yo kudu seloro iki
Pantun Lucu Bahasa Jawa 3
1. Sego bancakan dimaem mas RianTak kiro aku dadi tujuan, jebul mung nggo pelarian2. Iso ngendhangOra iso nyulingBisa nyawang0ra iso nyandhing3. Susu beruang rosone anyepTiwas berjuang jebul ora dianggep4. Jangan bayem lawuh e tahuAtiku ayem yen nyandhing sliramu5. Nandur pari dipager botoTiwas dipacari dirabi konco6. Manuk podang mabur neng latarKowe ngilang golek sing anyar7. Methik kamboja wadahi tumbuWernane putih kaya melatiAku wis bosen krungu janjimuKabeh mung palsu ra ana bukti8. Banyu sing seger wadahe kendiDisimpen rapet ngisor wit randuCita-citaku mung ana sijiUrip barengan karo sliramu9. Isuk bakwan sore mendoanWes sayang tenanan jebul mung pelampiasan10. Esok mangan lele sore mangan sateKowe nduwe nomere tapi ora atine
Pantun Lucu Bahasa Jawa 4
1. Klambi suek kecantol lawangGayane cuek padahal sayang2. Ana pengamen dolanan gitarKaro nyanyeke lagu sing merduYen krasa getun karo sing anyarAku sih gelem nampa sliramu3. Nandur pari dipager botoTiwas dipacari, malah dirabi konco4. Manuk podang mabur neng latarKoe ngilang golek sing anyar5. Jogja Malang PonorogoKadung sayang ora wani kondo6. Isuk bakwan sore mendoanWes sayang tenanan jebul mung pelampiasan7. Esok mangan lele sore mangan sateNduwe nomere tapi ora karo atine8. Kaos abang kathok e unguBiyen sayang saiki malah satru9. Gunung merapi kebak trembesiSing dikangeni malah nglungani10. Tuku kuaci neng Kalimantan Kepngin lali malah kelingan
(mdk/khu)Cobain For You Page (FYP) Yang kamu suka ada di sini,
lihat isinya